Neng kene Aku arep nyritakake ngenani koncoku.
Koncoku nduwe pacar, pacare sak sekolahan nanging beda kelas. Neng sekolahan
chattingan kangen-kangenan, padahal mbendina ya pethukan, budhal muleh bareng
malahan, anggite sekolah mung gae nggon pacaran. Trus lak pacaran kui ora kaya
wong pacaran sing biasane, mangan bareng, dolan bareng, koncoku kui lek pacaran
mung muter-muter tok, kaya game slither.io. Contone, dolan neng Malang ya mung
lewat tok, ora mampir neng nggon wisata apa tah mampir golek mangan, wis teka
Malang malah muleh maneh. Ya mending golek mangan neng cedhek-cedhekan omah, ana tujuan, gak kesel, warek, hemat bensin pisan.
Koncoku iki senengane ngegame, sampe-sampe ora
ileng wektu. Untunge jek ileng karo awake dewe lan konco-koncone. Jajal bayangno
seumpomo gak ileng, enak-enak ngegame trus tak takoki,
“awakmu nyapo neng kene? Ayo neng kantin wes ngaso
iki!”
“awakmu lo sopo kok ngejak Aku neng kantin?” jawabe
koncoku
“Aku koncomu, mosok awakmu gak kenal Aku” jawabku,
trus koncoku malah takok,
“ket kapan Aku nduwe konco awakmu, sak ilengku gak
nduwe konco koyok awakmu deh?”
Lak wes koyok ngene apa ya gak bahaya jenenge. Amerga game tok ae iso
nggarakne wong amnesia. Mbalek neng game maneh, saking
senenge ngegame, wayae pelajaran koncoku kui ya ngegame, padahal ya wes
bolak-balik diweruhi lan diseneni guru, nanging ya panggah ae ngegame. Apa
perlu kabeh game dilenyapne ben ora ngegame maneh, lek ora ngunu ya sing
ngegame ae dilenyapne.
Sakliyane
ngegame, koncoku ya seneng olahraga. Neng sekolahan jadwale seminggu mung
sepisan tok, nanging koncoku iso peng 5 barang, amerga yen ora ana pelajaran
malah olahraga. Saking senenge olahraga, sakwise upacara koncoku ora mbalek
neng kelas malah mlayu-mlayu ngubengi lapangan. Wes entok 5 puteran, koncoku
mbalek neng kelas trus takoki,
“mbendino kok
olahraga ae to awakmu, apa gak kesel?”, trus koncoku njawab,
“sopo seng
olahraga, Aku iki mau mlayu-mlayu ngubengi lapangan amerga dihukum karo guru
piket amerga Aku telat”.