Kamis, 10 November 2016

Guyon Maton

Neng kene Aku arep nyritakake ngenani koncoku. Koncoku nduwe pacar, pacare sak sekolahan nanging beda kelas. Neng sekolahan chattingan kangen-kangenan, padahal mbendina ya pethukan, budhal muleh bareng malahan, anggite sekolah mung gae nggon pacaran. Trus lak pacaran kui ora kaya wong pacaran sing biasane, mangan bareng, dolan bareng, koncoku kui lek pacaran mung muter-muter tok, kaya game slither.io. Contone, dolan neng Malang ya mung lewat tok, ora mampir neng nggon wisata apa tah mampir golek mangan, wis teka Malang malah muleh maneh. Ya mending golek mangan neng cedhek-cedhekan omah, ana tujuan, gak kesel, warek, hemat bensin pisan.
Koncoku iki senengane ngegame, sampe-sampe ora ileng wektu. Untunge jek ileng karo awake dewe lan konco-koncone. Jajal bayangno seumpomo gak ileng, enak-enak ngegame trus tak takoki,
“awakmu nyapo neng kene? Ayo neng kantin wes ngaso iki!”
“awakmu lo sopo kok ngejak Aku neng kantin?” jawabe koncoku
“Aku koncomu, mosok awakmu gak kenal Aku” jawabku, trus koncoku malah takok,
“ket kapan Aku nduwe konco awakmu, sak ilengku gak nduwe konco koyok awakmu deh?”
Lak wes koyok ngene apa ya gak bahaya jenenge. Amerga game tok ae iso nggarakne wong amnesia. Mbalek neng game maneh, saking senenge ngegame, wayae pelajaran koncoku kui ya ngegame, padahal ya wes bolak-balik diweruhi lan diseneni guru, nanging ya panggah ae ngegame. Apa perlu kabeh game dilenyapne ben ora ngegame maneh, lek ora ngunu ya sing ngegame ae dilenyapne.
                Sakliyane ngegame, koncoku ya seneng olahraga. Neng sekolahan jadwale seminggu mung sepisan tok, nanging koncoku iso peng 5 barang, amerga yen ora ana pelajaran malah olahraga. Saking senenge olahraga, sakwise upacara koncoku ora mbalek neng kelas malah mlayu-mlayu ngubengi lapangan. Wes entok 5 puteran, koncoku mbalek neng kelas trus takoki,
                “mbendino kok olahraga ae to awakmu, apa gak kesel?”, trus koncoku njawab,
                “sopo seng olahraga, Aku iki mau mlayu-mlayu ngubengi lapangan amerga dihukum karo guru piket amerga Aku telat”.